Kepencut Bondho

[Carita babagan “Budi pekerti” iki mung rekan, jeneng, papan kedadeyan lan lakune crita ora ono gandheng cenenge karo lelakone sapa bae. Muga ndadekna pamriksa]

Para Paraga : 1. Pak Dirno
2. Bu Dirno
3. Pak Rasa (Blantik sapi)
4. Sabar (Bocah nom-noman ing Desa)
5. Denok ( Prawan masiswa anake Bu Dirno)

ADEGAN I

PANGGUNG KAYO KAHANANE KAMAR KELUWARGA KANG PRASAJA, ANA MEJA, KURSI, LINCAK DOWO; MENEHI KESAN MARANG PAMIRSA YEN PAPAN KUWI OMAHE PEGAWAI SING ORA DUWE PANGKAT DHUWUR. KATON SWASANANE WEKTU SORE NDUNGKAP WENGI WIS PODHO RAMPUNG ANGGONE MAKARYO. PAK DIRNO MENGANGGO SARWA SAKMADYA. MUNG YEN BU DIRNO KATON LUWIH TUMATA ANGGONE NYENYANDHANG. KATON YEN SENENG NGUDI SALIRA

IRINGAN MUSIK LEMBUT KATON SEGER YEN DIRASA. SAYA SUWE SAYA ALON. LAMPU DIGAWE DIMEN JUMBUH KARO SWASANA BENGI.

1. PAK DIRNO: [LINGGUH LINCAK KALUNG SARUNG, SINAMBI NGOMBE WEDANG, KALA-KALA NYEDHOT WUDUT LAN SINAMBI NGISIK-ISIK PIPANE, OMONG DHEWE GRENEGAN BABAGAN KAHANAN SING DIRASAKAKE ING ATINE]
Omonge arep ono operasi pasar? Mendah bungahe yen pancen bisa kaleksanan ana operasi pasar.
2. BU DIRNO : Mbok kersane to Pak. Awake dhewe mengku karep nopo?
4. PAK DIRNO :Karoben rakyat rada penak uripe.
5. BU DIRNO :Ning kapan operasi pasar wonten kasunyatane? Lha reregan barang-barang wis padha mundhak kathik Pamarintah iki kok mung meneng bae. Karepe ki kepriye Pamarintah ki?
Apa lali gek jaman arep PEMILU kae? Kandhane arep ngangkat martabate para kawula cilik? Lha kok, ya ora ana kasunyatane. Apa maneh awakku iki, jan.. ora nate bisa kelakon ngowahi nasib.
Eh.. lha iya kaya aku iki pegawe cilik, gajine mung mung sithik kok ngrembug babagan operasi pasar barang.
Aku iki dudu ekomom, aku dudu politikus, mung aku peduli marang wong cilik. Jalaran aku ya klebu wong cilik. Nadyan mangkono aku bombong karo atiku dhewe, wong-wong kiwa tengenku padha weweh predikat nyang aku “seniman”, malah ana sing ngarani mubalig. Heh.. aku kok ngguyu dhewe yen kelingan, kok bisa-bisane aku duwe kasenengan ana ing jagating seni. Karoben ana keseimbangan, kawruh agama ya tak udi sak bisa-bisane.
Lelakonku ngeni iki isih tak anggep kanugrahan! Tinimbang Kang Dipo sing mapan ana mburi omah kuwi. Sing penting padha sehat anak bojoku, bisa nyandhang lan mangan, nadyan pas-pasan. [NYRUPUT WEDANG]
Reregan beras, gula, minyak wis kabeh padha mundhak. Malah kepara wis ganti rega! Sakeh barang kebutuhan pokok padha mundak regane. Wragad sekolah ya ora ana sing murah. Sekolah-sekolah favorit ragate saya melangit, meh saben wong padha njerit. Njerit yen ngelingi lelakon urip. Saweneh barang ora ana sing murah, kabeh larang regane. Sing murah mung janji-jani manis, goroh, apus-apus ngganggo tembung lamis.
Sakeh barang ing warung lan toko padha mundhak. Sing ora mundhak mung…
2. BU DIRNO : [NYELO-NYELO PINGIN MELU URUN REMBUG NING ATINE MANGKEL]
Gaji Sampeyan Pak…! Seprana-seprene… nggih mung kaya ngene Pak! Gek kapan saget mindhak pangkat kados Sukir nika! Yen pangkat mawon mboten mundhak, Napa esoh mundhak dhuwite. [OMONGAN DHEWE SEMU RADA NYINDHIR NYANG BOJONE] Gek pripun, lha wong pangkat drajat kuwi di udi kok. Ya ora ana pangkat drajat bisa teka dhewe. Wong Bapak ora ana usaha. Kapan bisa mulya. Pak, sampeyan mikir, pripun nasipe dhewe niki seprana-seprene mung ngeten mawon Pak!
3. PAK DIRNO: {KATON TENANG, KAYA-KAYA TANPA BEBAN] Pangkat drajat, rejeki, lahir lan pati iku kagungane Gusti! Kowe kudu ngerti, wong omong ki rak ya etung-etung. Mbok sing ayem pikirmu ta Bu. Mbok kaya Yu Ginah kidul omah kuwi lho. Yu Ginah kuwi kena tok nggo tuladha. Nrima, gelem ngrekasa, ora nate nggayuh samubarang kang pancen dudu ukurane lan dudu darbeke. Kowe aja malah nglarakake atimu dhewe. Nadyan mangkono, awake dhewe ki rak isih duwe pangarep-arep ta? Percaya wae marang Gusti! Percaya marang adhiling kang Kuwasa. Rekasamu lan rekasaku iki wis padha dikarepake.
4. BU DIRNO: Bapak bola-bali mung ngendika kaya ngono. Kula pun ngreti karep sampeyan Pak. Ning napa wong urip niku mung kedah percaya kalih pepesthen? Pancet ngeten terus?
Kula niki wong wadhon Pak, kula duwe rasa. Pancen…, drajat, pangkat, pati lan rejeki niku kagungane Gusti. Nggih pancen niku pun kula ngretosi, ning napa awake dhewe niki mboten ngulir budi? Mboten Pak, Mboten…..! Awake dhewe kudu saget mbudidaya pripun keluarga niki saget jejeg, kecukupan lahir lan batin. Naah.. seneng!
5. PAK DIRNO: Ya pancene kudu ngono, nanging awake dhewe iki mung sakdrema nglakoni Bu. Iki kang aran takdir. Ayo yen bisa awake dhewe bisa urip sing sabar, narima ing pandum, tansah eling lan sumarah mring Gusti kanthi ngibadah lan nyuwun karidhaning Pangeran kang Mahasuci. Sabar,… sabar…aja kemrungsung kaya wong arep nguyak maling….
6. BU DIRNO: [KATON WIWIT ORA SABARE] Tanpa tumindak nggih mboten bakal kecandhak Pak. Tiyang gesang niku wajib ngupaya amrih kecekap betahipun. Tanpa usaha mboten bakal tekan gegayuhane awake dhewe niki Pak! Sing penting wong urip niku kudu duwe dhuwit. Yen pun duwe dhuwit, atine seneng, pingin bondha donya napa mawon kelakon, seneng! Seneng Pak! [SAJAK NGECE] Ning yen awake dhewe niki cumleng….. cumleng Pak!
7. PAK DIRNO: [KAGET ATINE, MELAS RASANE KRUNGU OMONGE BOJO] Owahen laku-jantrane pikirmu! Elingana marang wewatoning urip. Jumbuhna antarane rasa sing kudu mbok imbangi karo kasunyatan kang wis kapacak ana ing lembaring garising pepesthi.
Coba rasakna, kepriye saeba ngrekasane atimu yen tak peksa nglayani ubenging jantraning atiku sing tanpa wates? Aku percaya yen kowe ora bakal bisa sembada. Ora bakal bisa tumindak sing sak njabaning keprigelanmu dhewe. Aja seneng meksa-meksa kahanan. Aku iki isih manungsa lumrah, aku ini dudu malaikat, aku duwe wates lan wewaton kang uwis dirakit ing kodrat uripku.
8. BU DIRNO: Yen mung ngoten niku tegese Penjenengan mboten purun ngudi mrih mulyaning urip? Wong urip niku…
9. PAK DIRNO: Ya.., aku wis ngerti yen urip mengkono, mungguhmu mung bandha lan donya. Urip mung mbok nggo mburu kadonyan sing saknyatane mung fatamurgana, kepalsuan Bu, ora ana kasunyatan sejati. Uripmu ora mbok gunakke kanggo ngolah rasa, ora mbok gunakae kanggo ngudi mungguh piye mangerteni sejatine urip kang sejati. Omongamu wis adoh saka martabating wanita sejati, sing kudune tansah ngluhurke lan bekti mring Gusti, nyang wong tuwane, bojone lan seneng narima ing pepesti. Tandang grayangmu wis owah mung merga mburu bondha lan donya. Saben-saben omong lerege mung tekan dhuwit, bondha lan donya. Eling ya.. Bu !
10. BU DIRNO: Ngih… Penjenengan badhe ngendika napa mangga! Nanging kula yakin lan pitados, bilih sedaya tiyang wonten ndonyo niki , mesthi butuhke bandha lan donya. Tiyang ingkang waras, mesthi remen dhuwit Pak, remen bandha lan donya!
11. PAK DIRNO: Mburua bandha donya kanthi alus, tulus, lan lurus tanpa ngurbanake kapribadhen Bu. Senenga ngulir nalar linambaran budi kang luhur. Unggah-ungguh, muna-muni, seneng lan gelem ngrasakake rasaning liyan. Gelem nrima ing pandum kang didasari rasa-pangrasa kang jembar tanpa winates.
12 BU DIRNO: Penjenegan badhe ngendika napa mangga! Penting kula niki esoh urip kang mulya. Urip mulya niku nganggo sarono. Saranane pun cetho. Napa ? Nggih mesthi mung arta. Arta Pak? ….Dhuwit Pak!
13PAK DIRNO: [KATON MBEDHOKOL NENG ATI, MUNG DIGAWE RASA SABAR, NGGUYU CEKAKAKAN] Lha.. rak tenan to? Dhuwit…. Dhuwit… mesti dhuwit! (Ha..ha…ha…}
14BU DIRNO: Lha pripun Pak? Kula mboten munafik Pak! Kasunyatan urip sing pun kula lampahi gesang bebrayan kaliyan Penjenengan niku, mbutuhke dhuwit. Kula pingin mulyakke sedaya keluarga. Nggih anak-anake dhewe, klebet penjenengan pribadi. Niki isine raos-pangraos kula Pak. Namung sedaya atur kula punika mesti mboten ndamel manah Bapak sekeco. Kula pidados! Nggih punika ingkang pun wastani perjuangan hidup Pak! Gesang kedah mawi perjuangan, pangurbanan. Kula pun wantun berjuang, tegese kula sampun ngurbanaken tenaga, muter akal lan mbudidaya kangge njejegake keluarga. Saben ndinten kula ngudi amrih mulyaning keluarga.

[NANGIS RUMONGSA SEMEDHOT ATINE, AWIT NGREKASA ATINE, KAYA-KAYA DISEPELEKAKE BOJONE] Niki pun dadi sifat-sifate wanita. Mboten namung kula, saben wanita mesthi remen bondha lan donya. Klebet kula Pak. [NANGIS MINGSEG-MINGSEG]. Niki tekat kula Pak! Tekat kula sing mboten badhe mundur sak pecak kemawon, kula pingin njejegaken ekonomi kuluarga kanthi cara kula. Yen perlu, kula rila kurban jiwa raga.

15. PAK DIRNO: Apa kang aran perjuangan hidup kuwi kudi ngorbanake luhur-budining wanita? Apa kang diarani perjuangan urip kuwi kudu ngilangake suba-sita? Apa kang diarani perjuangan kuwi kudu mlumpat saka pagering tata krama? Aja Bu…! Aja…!
16. BU DIRNO: Nggih kula manut Bapak, mung punapa Penjenengan saget nyembadani kebutuhan kula, kebutuhan sedaya keluarga? Kebetahan tiyang gesang niku kathah lho Pak. Betah niki, betah niku, jan… ora ana entek-enteke. Gesang ing bebrayan mbutuhaken wragad sing mboten sithik. Lha napa sampeyan saget? Pokoke, kados pundi carane, niki pun dadi tekat kula, kula pingin urip sing mulya. Pun …. Titik! [NINGGALAKE PAK DIRNO NYANG PEPUNGKURAN]

ADEGAN II

[MUSIK DIJUMBUHAKE KARO KAHANAN KANG SEDIH, SWASANA KLUARAGA KANG ISIH KATON UDUR NGREMBUG PRINSIP URIP, SAYA SUWE SAYA ILANG. GANTI SWASANA MUSIK SING SIGRAK NGLANTARAKE PASATEMONE ANTARANE PAK RASA LAN SABAR. DHEWEKE PADHA KETEMU ANO PAPAN KIOS PASAR SAPI. PAK RASA DUWE SIFAT SING RODO BLOBO, SENENG NGOMONGAKE APA WAE KLEBU RAHASIA PRIBADINE DHEWE]

17 PAK RASA: Bar…, Sabar..! Mrene.., mreneya wae...! Kowe arep golek sapi sing kaya ngapa? Rega sapi ki dha durung katon mundhak kok Bar! Bener sanadyan reregan minyak, gula, beras, lan ragad sekolah mundak, ning rega sapi durung bisa mundhak.
18. SABAR: Matur nuwun Dhe. Regi lembu sing ajeng kula potong kangge qorban tahun niki, kepara mung mirah-mirah kok Dhe! Tur nggih mboten kathah, namung sekawan lembu. Benten kaliyan tahun-tahun kepengker, menawi tahun kepengker, arisan qurban sapi ing ndusun kula rak ngantos gansal lembu. Nggih maklum Dhe, kathik golek dhuwit angele kaya ngene.
19 PAK RASA: Iya.. nanging mreneya ta! Aku dhuwe sapi sing bregas. Sawangen ta sapi iki! Pawakane entuk, sirahe bagus, wis patut yen mbok gunakake qurban dhewe. Coba piye, werna putih, bokonge cepor, tur ya uwis powel sisan. Qorban ki rak sing dipentingke mung daginge ta? Lha yen wis temu sapi kaya ngene iki, terus kurang apa? Iki lho daginge yo wis kebak.
20. SABAR : Dhe. Mboten mekaten, Qorban niku pun wonten angger-anggere. Kejawi umur, mboten cacat lan alit agengipun lembu niku ndadosaken sah hukumipun ibadah Qurban. Mboten cekap gedhe mawon. Daging kathah namung menawi dereng cekap umuripun ngih mboten sah Dhe!
Tiyang kula niki, mung pingin nonton-nonton kahanan reregen pasar kok Dhe!
21 PAK RASA: Iya, ning mreneya….delengen ta… delengen sapi iki! Sapi iki wis arep dibayar Sardi blantik wetan kono rega pitung yuta. Wis gek bathenono sithik wae. Penting aku entuk bathi sithik ora apa-apa. Entuk tambah paseduluran wae wis seneng kok. Tenan kuwi!
22. SABAR : Lah.. Dhe ..! Wong artane mboten wonten kok. Yen saget tumbas mbejang minggu ngajeng mawon.
23 PAK RASA: [PINGIN NGRAYU BEN SABAR GELEM] Kowe ki coba manuta aku! Iki mumpung ana kesempatan Sesuk durung mesthi yen ana sapi sing apike kaya ngene iki Bar! Coba delengen! Kowe ki kok ora ngerti barang apik to Bar? Wis gek pedhotono pira, sing penting tambahana rega penganyange Sardi mau.
24. SABAR : Ngih, tak pikir-pikire dhisik Dhe! Jaragan artane nggih tasik kirang.
25 PAK RASA: Whe lha… kowe ki Sabar tenan! [RODO NGECE] Cah enom kok koya ngono. Mbok dadi cah enom ki rodo agresif ngono lho Bar! Weruh sapi apike kaya ngene kok ora pengin. Lah sing arep mbok goleki sing rupa apa? Sing putih kuwi luwih larang tinimbang werna abang kae. Lha apa sing ireng kae, rada murah. Lha yen aku lho… ya sing putih kae, nglarangi sithik, ning jan maremake ati! Piye…? Apa malah sing sapi metal kae? Lha yen kae… regane rada larang, mung daginge wis jelas-jelas ora nguciwani…..!! Tenan kuwi… ayo piye?
26. SABAR: Mboten kok Dhe..Kula tak ngukur kekiyatan kula piyambak. Tiyang niku yen ndangak, mboten purun instruspeksi dhiri, akhire nggih mboten sae kedadosanipun. Kula tak trimah nonton-nonton reregen rumiyin kok Dhe. Tiyang artane nggih dereng jangkep kok.
27 PAK RASA: [ Ha..ha…ha…] Whe.. lha dalah…! Weruh pupu sapi ngene kok ya ora bergairah tho Bar?
Bar.. mreneya, nyedhaka aku kene, ayo tak kandhani…[MBISIKI KUPINGE SABAR, TERUS NGGUYU NGAKAK ] Ha…ha…ha… Menenga lho, aja kandha-kandha ...iki rahasia pribadi lho Bar!
28. SABAR: Trus sing sampeyan ngendikakke niku sinten to Dhe? Kula malah dados tansaya bingung mikir ngendika sampeyan Dhe! [SABAR OMONGAN DHEWE]. Apa iki kang diarani jaman edan kae po? Wong omonge khabar iki rahasia kok malah diomong-omongke? Subhanallah!
29 PAK RASA: Nah… yen kabar iki, kowe mesthi tak jamin satus persen seneng Bar ! Info aktual iki wis dudu ngrembug bab sapi maneh lho Bar! [LUNGGUH NYEDHAKI SABAR, SABAR DLONGAP-DLONGOP KOYO WONG BODHO]
Lho kuwi khabar temenan Bar..! Aku kuwi nganti arep piye? Yen arep tak bojo wong wis ono sing nduwe, lha yen ora tak bojo yo wis ngono kae [ Ha..ha…ha….]
Sapa uwonge ora kepencut karo Bu Dirno? Kowe rak wis ngreti to? Kok kowe malah dlongap-dlongop? Coba bayangno omongane, rupane, cara nyenyandhange….Wis ora nguciwani to? (Ha..ha…ha…)
30. SABAR: Astagfirullah Dhe! Kula mboten pitados yen Bu Dirno purun tumindak nyleweng, bradhat mbedhal saking garising wewaler luhur Dhe. Penjenengan ampun nyebar isu-isu murahan Dhe! Lha wong Pak Dirno, bojone Bu Dirno niku dados tepa tuladha tiang-tiang sak kampung kok. Malah-malah Pak Dirno niku asring ngisi pengaosan-pengaosan, sinaosa mung wedal wulan Romadhan. Masa bojone tumindak sedheng. Mboten! Mboten pitados kalih omongan sampeyan kok dhe. Mboten…! Mustahil… Dhe!
31 PAK RASA: Kowe ora percaya kena-kena wae Bar! Lha wong kowe ki bocah sing sabar, mula krungu khabar ngono ya sabar [NGECE SABAR KARO NGUYEK-UYEK RAMBUTE] Wong sing nglakoni wae aku kok mbok paido. Aku iki Pak Rasa, blantik sapi, siji-sijine wong neng desa kene. Masa aku goroh Bar? Pak Rasa lho Bar!. Lha kapan aku nate goroh?
32. SABAR: Nggih mboten ngaten Dhe.. mosok Bu Dirno wantun tumindak nista? Mboten … mboten pitados! Nyuwun sewu, Lha… sok malah saget, Pak Dirno piyambak ingkang tumindak nyleweng. Niki batin kula lhe Dhe!
Kula wantun matur karana Pak Dirna niku seniman. Kandel tipisipun antawis juru dakwah kalian kesenimananipun Pak Dirno saget mboten sami; Menawi piyambakipun langkung caket seninipun, biasanipun, ingkang sampun-sampun gampil lan celak sanget kaliyan tumindak ingkang mboten sae. Sebab wekdal, papan lan swasananipun seni punika, celak kalian pangudhaling raos. Kamongka raos meniko, saestunipun kandel tipisipun sakalangkung ngrekaos ukuranipun. Sing saget ngukur nggih mung pribadine seniman niku piyambak
33 PAK RASA: Bar… Sabar! Kowe ki omong apa? Apa kowe ki ahli filsafat pa?
34. SABAR: Mboten Dhe, kula mung pingin badhe matur bilih adat kebiasaanipun tiang seni langkung gampil ginubeting raos tresno dhaten ngasanes, langkung-langkung jaler lan wanita. Biasanipun tiyang menawi sampun nggilut salah satunggaling pakaryan seni, tiyang punika badhe migunakaken seni kangge ngalalaken pakarti jebatipun. Nggih wonten ing papan seni punika, minongka papan ingkang paling gampil manggihaken guleting raos katresnan.
35 PAK RASA: Yen kuwi aku ora ngreti Bar! Kuwi urusane para seniman. Aku iki dudu seniman. Aku iki mung blantik sapi!.
Sing esoh tak rasakake nganti wekti iki, Bu Dirno wis kumowani nuduhake sambung rapeting katrenan marang aku kang ngluwihi wates-watese antarane bojo lan wong liya. Iki sing ndadekake mumet sirahku Bar..![KATON BINGUNG NYAWANG KIWO-TENGEN KAYA NGALAMUN]
36. SABAR: Pak Dhe.. Rasa, ampun ngalamun tho Dhe!
37. PAK RASA: Lho, ngalamun piye to bocah iki?
38. SABAR: Penjenegan kok sakniki kados sastrawan ta Dhe? Yen sastrawan nika sing kula ngretosi, pinter ngathik lan ngrakit tembung-tembung, terus dados crita sing nggumunke,miriske, menopa ingkag nyedihke. Sastrawan punika mung modhal ndhagi muter lan ngubeng-ubengke tembung sing ditata kanthi dhakik-dhakik.. Ning… nyuwun sewu lho Dhe, Penjenengan ki rak mung bakul sapi kok pinter ngarang crita?
39 PAK RASA: [MISUH-MISUH NING SENENG] Hus.. kangkrengkane ki ! (Ha..ha… ha..) Kowe ngertiya, yen Bu Dirno kuwi sejatine wis ora seneng karo bojone! Lha piye ta, bojone ki rak wis ora bisa ngalor ngidul. Mudheng?... Mudheng ora…? Tenan aku melas, aku kepingin arep ngentasake problem keluargane!.
40. SABAR: Lah..Dhe, sampun! Subhanallah…!! Kula tetep mboten pitados kalih ngendika sampeyan. Ewa semanten kula nggih mboten badhe pitados dhateng panggrahita kula sing awon dhateng Pak Dirno, sebab antawis siniman, lan mubalig niku sami-sami gadhah bobot sing mentes lan jentes. Liripun sami-sami nggadhai jiwa ingkang agung.
41 PAK RASA: Aku dudu seniman lan aku dudu mubalig lho Bar..!
Lha piye, apa kowe malah tak ajak ngrasakake mungguh nikmat lan enake yen mabur neng ngawang-awang langit sappitu pa? Tak kira Bu Dirno ya gelem. Wong kowe ya bagus kaya ngono. (Ha..ha..ha..).
Sejatine aku ya rumongsa salah. Nanging iki kabeh wis tak niati kanggo nggawe temtrem atine Bu Dirno.
42. SABAR: Subhanallah …! Ngendika sampeyan niku nggih mboten sae tumraping bebrayan agung Dhe! Ngendika sampeyan mung golek benere dhewe! Yen pancen pun mekaten, tegesipun sampeyan pun ancik-ancik mlebet ing bebenduning Gusti.. Istifar Dhe…! Astagfirullah…..! Tobat ..nggih Dhe..!
43 PAK RASA: Ya…..! Rasa kaya ngono kuwi mesthine saben menungsa sing waras mesthine duwe.. [PRAUPANE KATON KHUATIR] Ning aku iki wong waras apa ora? Aku ora ngerti.
44. SABAR: Pak dhe, Penjenengan kedah purun wangsul dhateng garising bebener lho Dhe. Pakdhe kedah saget ngowah lelampahan niki murih mboten ndadosaken bencana, ingkang ngremuk, ngrerujit lan ngrusak bebrayan lho Dhe!
45 PAK RASA: Ora.. ngono Bar..! Aku kuwi wong lanang kang duwe hak lan kewajiban nglindungi sapa wae. Aku pingin ngenthengake sesangganing urip sapa wae. Sapa wae kang lagi nandhang pepeteng, aku wajib niyungake tanganku menehi obor murih bisane ketemu pepadhang. Yen ana wong kang krasa ngelak lan luwe, wis dadi wajibku tetulung murih mari ngelak lan luwe kanthi caraku dhewe….
46. SABAR: Sampun…sampun…! Ngendika sampeyan niku bener ning mboten pener. Bebener niku ampun ngantos kaukur kaliyan angkara-murkaning pribadi. Bebener niku kedah jumbuh lan pas kangge sagung dumadi. Sampun ngrisak bebrayan agung ingkang linambaran wewarah suci lumantar agami.
47 PAK RASA: Aku tumindak wis kanthi dhasar rasa-pangrasa. Rasa sing tak udi wis nuwuhake pamecuting rasa sejati. Olah rasaku mbok menowo wis ndadekake tumiyunge pakarti aji. Mula wis trep yen jenengku “Pak Rasa” Bar! [SAJAK NGETOKAKE SOMBONGE]
48. SABAR: Pakerti aji ingkang pundi? Nyuwun sewu lho Dhe, mbok bilih mboten pas anggen Sampeyan ngendikan. Pangandikan ingkang mboten wonten bukti kasunyatanipun, menika tegesipun muspra tanpa guna. Tanpa wonten gina lan manfangati kangge brayat minulya. Prasasat aji godhong garing Dhe..!. Sedaya menika sumongga Sampeyan piyambak ingkang priksa.
Bukti kasunyatanipun mboten wonten ingkang mangertosi kejawi Penjenengan piyambak. Nanging sedoyo ingkang Sampeyan ngendikakaken punika, kula tetep mboten pitados.
49 PAK RASA: ( Ha.. ha…ha..) Sabar.. Sabar ! Ya… kowe dadi bocah ya pancen sabar….. !!
[ PAK RASA NGGUYU NGAKAK TERUS, SUWE-SUWE ILANG KARI LAMAT-LAMAT KETUTUP SWARANING IRINGAN MUSIK]

ADEGAN III

[ IRINGAN MUSIK ALUS, NGLANGUT, NGGAWE SUMEDHOTING ATI PARA MIYARSA/PAMRIKASA. GANTI SWASANA SING NGAMBARAKE WEKTU SORE PAK DIRNO LAN BU DIRNA LAGI PASATEMON ANA NGOMAH. BU DIRNO LAGI LEMPIT-LEMPIT SANDHANGAN, SULAK-SULAK MEJA. BU DIRNO OMONG DHEWE NGUDO RASA LELAKONE URIP KANG NRENYUHAKE ATI].

50. BU DIRNO: Sore iki, atiku ora kaya biasane. Atiku rumongsa morak-marik kaya sandhangan sing uwis tak racik iki. Sandhangan kang durung tak setlika pating jeketut, nglinthing-nglinting kaya godhong garing, nuduhake kahanane jroning atiku kaya ketekuk-tekuk, kang kebulet dening obah-musiking kahanan ndonya kang sarwa onya.
Aku rumongsa seseg, sumpeg, kaya gejepiting mangsa; Wektu sing kudune tak gunakake kanggo ngabdi marang Gusti, anak lan bojoku, mung tak nggo nguyak-uyak dhuwit lambang kamulyaning urip, nanging kasunyatan aku wis picak! Ora bisa mbedakake sejatining urip, lan urip kang sejati.
Aku rumongsa gejlungub ing samodra; Gegayuhan kang luhur sing tak sok-suntakake kanggo kelurga, ora nate katon kasile, malah kepara kejungkel-jungkel uripku.
Sejatine tumindak iki mrentul saka poking ati; Pingin nglahirake batinku, aku pingin nyembul saka kahanan kang sarwa pas-pasan, dadi uwong sing sarwa luwih samubarange;
Mung Gusti durung paring kasunyatan. Dalan kang lener, bener, lurus, lan mulus ora tak liwati malah kepara tak singkiri. Aku nrejang dalan kang kebak blethok, lethong, eri lan beling. Iki kasunyatan uripku. Urip kang kebak pacoban, Ya… pancen pacoban iki kudu tak lakoni. Aku rumongsa kesandunging rata; Gejegluking awang-awang. Sejatine ora ana wong sing mangerteni mungguh borok sing wis bosok, koreng sing wis nggambrat arus bacine, kejoba aku pribadi. Iki kang dadi wewadi… [SEDIH, KEKES, NGRANTES ELING LELAKONE , PAK DIRNO TEKA SAKA LELUNGAN MUNG WIS NGGAWA HAWA CURIGA, IRINGAN MUSIK ALUS NDUDUT ATI JUMBUH KARO SWASANA ].
51. PAK DIRNO: Bu, aku kok kaya ngrasakake kekes. Kaya ana kahanan kang mbedakake antarane wektu iki, karo wektu rong bengi kepungkur?
52. BU DIRNO: Mboten wonten bentenipun kok Pak! Kados-kados raosipun sami., mboten wonten ingkang benten.[NUTUPI YEN BUBAR NANGIS]
53. PAK DIRNO : Wengise ombak lan angin lesus kang ora dinyono-nyono, bakal nyengsarakake prahu kang uwis lelayaran teka neng tengahing samudra. Iki sing ndadekake kekesing atiku.
54. BU DIRNO: Kula mboten ngraosaken punapa-punapa Pak. Namung saget kemawon, raos kekes Penjenengan punika amargi jendhela kamar sisih wetan menika ingkang mbikak kesembul angin.
55. PAK DIRNO : Apa ya bener angin kang njembul bolongan jendhela kuwi sing ndadekake kekesen atiku! Angin semilir kang nggawa khabar lamat-lamat, ora ndadekake pikirku seneng kaya biasane. Angin iki, angin sing bakal ngundang prahara, apa angin iki sing arep ngremuk, ngrusak samubarang kang ana ngomah iki Bu!
56. BU DIRNO: Penjenengan pidados Pak, bilih angin ingkang mrojol ngebaki lebeting griya punika, mesthi badhe migunani dhateng gesang kita.
57. PAK DIRNO : Lesus sing wis tak rasakake iki kaya-kaya bakal njugrugake pangarep-arep. Pajangka sing mbok omongake saben ndina kae bakal kawus, bakal lampus!
58. BU DIRNO: Pak, tekat kula, semangat kula sampun mboten saget kula gambaraken. Badhe kula terjang sedaya pepalang. Amrih cekaping kebetahan ugi cekapiping keluarga. Jer sedaya kalawahu namung kangge njejegaken bale griya. Kula lila legawa. Kula mboten dora Pak.
59. PAK DIRNO : Omonga sing jujur. Sebab jujur mono mungguhing aku rega kepribaden yang paling unggul. Wis akeh tuladha, menawa kejujuran wis padha disepelekake, malah-malah kejujuran iki mung kanggo kembang lambe wae, wekasane, sigrak mawak-mawak, remuk suduk, kabeh mung padha nandhang wirang, bebendu bakal nyengsarakake saklawase.
Ampak-ampak wedhus gembel sing wis nggawa khabar ruwet, wis ngrucat lan ngrusak atiku iki, arep tak wiyak lan arep tak buktekake bener apa luput.
60. BU DIRNO: Pak… Penjenegan punika ngendika menapa? Lha kersa Penjenegan niku pripun? Jujur sing kados pundi? Kula sampun jujur. Kula pun jujur Pak! Kula pados arta kangge ngabdi Penjenengan amrih mulyaning bale griya.
61. PAK DIRNO: Lambemu sing tipis uwis ndadekke wasismu, aku ora maido! Pintere muter pucuk ilatmu, uwis ngilangake kapercayanku. Sanadyan khabar wis sumebar lan wis ngobong isine atiku, aku pingin ngerti sepira tanggung jawabmu.
62. BU DIRNO : Sumangga kersa Penjenengan! Kula pun matur yen…
61. PAK DIRNO : Yen ndulu cumlorotin lintang alihan kaya-kaya menehi sasmita marang aku, menowo ana saknjeroning bebrayan iki, tinemu salah sawijine manungsa sing uwis gelem laku sedheng. Nerak laku utama, gulet karo bujuke setan gundhul. Embuh lanang utawa wadon, mung manut rasaku wewadi iki kudu enggal-enggal ndak wiyak.
63. BU DIRNO : Lha niku sinten,… Sinten, ….. Pak?
64. PAK DIRNO : Aja ethok-ethok tambuh, ‘Niku sinten… Niku sinten’ Ngertiya, sejatine ana priya sing tampa tak nyono-nyono wis wani ngusak pager ayu ana ing keluargaku. Semono uga, kowe wis negakake laku sedheng kang tanpa tok etung untung rugi tembe mburine.
64. BU DIRNO: [MBEGEGEG MUNG NGADEG KAYA PATUNG, ORA WANI OMONG MALAH KEPARA NDROJOS LUH LAN NANGIS MINGSEG-MINGSEG]
65. PAK DIRNO : Coba… omonga sing jujur mungguh kepriye larah-larahe?
66. BU DIRNO: Kula.. madosi arta kula Pak. Kula…. Mboten tumindak….
67. PAK DIRNO : Wis tekan titiwancine yen lelakonmu sing njijiki kuwi kudu mbok lereni tekan semene wae.
68. BU DIRNO: [SADHAR, NANGIS SERU, SAYA SERU] Ya.. Allaaaah… ! Kula nyuwun pangapunten Pak! Kula nyuwun ngapunten! Kula ngaku lepat… Pak. Kula lepat. … Kula nyuwun pangapunten! Duuhh… Gustiiii….!
69. PAK DIRNO : [KAGET MARANG KASUNYATAN] Dadi pranyata bener ta khabar kang tak tampa? Dadi bener omonge Sabar kae! [NYEBUT –NYEBUR SABAR KANTHI SERU] Kowe bener Bar….! Kowe bener… Bar…! Omongmu bisa tak percaya Bar!... Kena apa bojoku sing apus-apus? Kudune aku sing patut tumindak nista, kok bojoku! Kowe..jujur Bar ..! Kowe dadi dalane mbukak wewadi iki! Sabaaaaaar…… bener omongmu! [KAYA WONG KESURUPAN]
70. BU DIRNO: [MINGSEG-MINGSEK NANGIS] Pak, kula pun ngaku lepat! Kula nyuwun pangapunten. Pancen kula nate tindak laku sedheng, kanthi ancas mrih jejeging keluarga. Kula rumaos kejiret lakuning setan. Ning Penjenengan pitados dhateng kula, bilih jiwa raga kula namung kangge keluarga, jiwa raga kula mung mligi kagem Penjenengan lan anak-anak kita Pak. Kula pun kapok, kula mboten badhe mbangsuli lelakon niki Pak…, kula penjenengan paringi pangapunten Pak…, kula…lepat Pak… [NANGIS]

[DUMADAKAN ANAKE KANG ARAN DENOK TEKA SAKA PARAN, KAGET WERUH KEDADEYAN ING NGOMAHE]

71. DENOK :Pak… wonten kedadosan punapa Pak? Ibu… wonten kedadosan punapa?
72 PAK DIRNO: [MUNG MENENG, GETEM-GETEM NYAWANG BU DIRNO, NYAWANG DENOK ORA UWIS-UWIS KOYO WONG ORA WARAS]
73 DENOK: Pak.. Bapak sampun kados mengaten Pak, Bapak… sampun kados mekaten. Kula tresna Bapak…. Kula badhe mbantu Bapak. Wonten kedadosan punapa Pak…?
74 PAK DIRNO: Ibumu… ibumu….wis nyata laku sedheng… Setaaaan!...Setaaaaann!!!
75 DENOK: Masyaallah…. Buuuuu! [NANGIS NGRUNGKET IBUNE] Ibu…. , Ibu…. Kok saget wonten lelampahan mekaten ta, sadhar nggih Bu…., sadhar….nggih?
76 BU DIRNO: Ibu salah Nok! Ibu wenehana pangapura ya Nok? Ibu rumongsa kecemplung ing laku nistha. Ibu pengin nggayuh kamulyaning ndonya Nok. Ibu wis rumongsa luput, luput marang panjangka. Bandha donya sing tak gadhang-gadhang, pranyata dhadekake ibumu dadi wong wengis, gelum nglakoni tumindak dosa kepencut lakune setan edan. Aku wis sadhar, yen bandha donya kuwi ora nggawe mulyaning ati. Atiku sedih… atiku ya rusak..! Aku sadhar..
Aku wenehana pangapura ya Nok?
73 DENOK: Nggih sampun…., sakniki pun cetha. [NYERAKI BAPAKNE] Pak.. sabar nggih Pak! Kula pitados Bapak kiat nglampahi pacoben menika Pak! Kula pitados kanthi lampahan punika ndamel Bapak sansaya tambah wibawa. Kula sakalangkung pitados kasantosanipun Bapak!
74. PAK DIRNO: Terus aku kudu piye? Ibumu sing tansah dadi lambang martabate wanita ing keluarga, wis nyidrani aku! Aku dadi kepala keluarga kang gagal Nok!
75. DENOK: Penjenengan pitados Pak, sak wingkingipun kegagalan, insyaallah badhe pinanggih kesuksesan, sakwingkingi kesedihan, badhe manggih kebingahan. Pitados mawon Pak kaliyan Gusti.
76 PAK DIRNO: Lha.. Bapak terus kudu kepriye Nok?
77 DENOK: Penjenengan kula suwun tetep minangka Bapak wonten keluarga kita Pak! Keluarga kita kedah tetep nyawiji, kangge masa depan kula lan adik-adik kula.
78. PAK DIRNO: Nanging Ibumu wis…..
79 DENOK: Sampun Pak! Punika ingkang dipun wastani takdir, tegesipun lelampahan punika kedah wonten. Menawi Pangeran sampun ngersakaken mekaten, mila kita kedah purun nampi takdiring Gusti. Kita namung sadremi nglampahi. Bapak kula suwun kersa maringi pangapunten Ibu, nggih Pak!
80. BU DIRNO: Nggih.. kula nyuwun pangapunten nggih Pak, kula pun mertobat. Kula salaaah… Pak. Kula pasrah badhe Penjenengan ukum, kula nderek! Panyuwun kula, mugi Penjenengan kersa maringi kesempatan dhateng kula, kangge mertobat lan mboktekaken kejujuran kula Pak. Kula pingin nubus dosa kula Pak! [PAK DIRNO MUNG MENENG, KEMBENG-KEMBENG TANGIS PANALANGSA. PANYAWANGE KATON KOSONG]
81 DENOK: Saben tiyang gesang kedah purun nampi pacobening Pangeran. Pangeran paring ujian dhateng umatipun sampun selaras kalian martabat, pangkat lan drajatipun. Ujian Pangeran ingkang kapapingaken dhateng umatipun warni-warni, sampun dipun jumbuhaken awrat lan enthingipun. Mugi lelampahan punika, dados pemut dhumateng kita.
Ujian saking Gusti saget arupi tsunami, lindhu, banjir bandang, angin lesus, udan barat, sakit lumpuh, ugi wujud punapa kemawon, kados ingkang sampun kita lampahi lan ingkang kita raosaken punika.
Kula nyuwun dhateng Bapak lan Ibu, mangga kanthi prastawa menika, mugi saget nggigah manah kita piyambak-piyambak. Kanthi prastawa menika, mugi ndadosno kita saget sansaya celak lan pitados dhateng panguasaning Gusti.
Mboten wonten ginanipun ngrembag lelampahan ingkang sampun. Sumangga …Bapak enggal paring pangapunten dhumateng Ibu. Semanten ugi Ibu, mugi prastawa punika, ndadosaken kaca brenggala kangge ngadhepi panggesangan kita saklajengipun.

[BAPAK / IBU DIRNO LAN DENOK PADHA SAWANG-SINAWANG, AWEH TENGER YEN UWIS BISA NAMPA LELAKON SING ABOT, SEMONO UGA DENOK TERUS NGGAPRUK MARANG BAPAK LAN IBUNE.]

Tamat