Ambal Warsa Pawiyatanku

Angin mangsa ketiga, aweh pemut marang sagung warga Praba wiyata tama
ngosak-asik urut reroncene jantra laku pandadaraning dwija mring siswa
grapyak, sigrak, semarak beteke pingin miyak tumapaking ambal warsa
pawiyatan madya ing Cawas, Klaten kene
sing wis katon cumlorot gemebyar cahyane,
arum mangambar-ambar gandane.

Pitu likur tahun yuswa dewasa, wis bisa ngatonake gagah cakrak pideksa
lamun wanita, esemmu nyata bisa nyundhul langiting pangrasa
kuncuping kembang pawiyatan tan kendhat nyawang ing awang-awang,
mrih bisa tumandang numpang menang ing samubarang

Kabeh gumregah ora wegah, ora ulat wayah
Kabeh guru padha kemebul ngudhal ngilmu kawasisan lan kanuragan
Sengkut bikut katut tetese luh pangurbanan
murih tekane kasembadan lan kasunyatan.

Ambal warsa iki, dadiya pralampita
murih laras, lirih lan leres, ancas kang sinedya
bisa pinter, bener, lan pener kang tanpa mlumpat saka wewaler
jumbuh karo akal budi lan prasetya guru sejati,
kasdu ngangkat drajat martabat utama
ngudhal pawitan kapinteran, kaprigelan, kawicaksanan mayuta-yuta

Yen langit tan saya klawu,
yen suwasana sarwa kleru, jroning ati pingin udhu panemu:
Papan pawiyatan kang wus moncer iki, oja gampang kablithuk manthuk
marang kahanan kang wis ora gathuk.
Pawiyatan iki mung mligi kanggo ngudhal lan ngudi pakarti aji suci
dudu papane kanggo ngobral janji.

Muga warga Praba wiyata tama tansaha manembah mring Hyang Sukma
Nyawiji panyuwuning tyas
Gusti ngijabahi

Anggitane: Medi Widada
Cawas, 19 Juli 2007