Tumiyung nggantung ing mendhung
Tresnaku mentiyung mengkelung
ing pucuking rasa kang agung
Sedyaku mung pingin lumaku
nut jlantraning wektu
Mlebu-metu beteke pingin ketemu
Ragu, wedi gemuyu
datan wani mlaku
Ati iki
mung mligi pingin memuji
Mrih wong ayu
antuk nugraha Kang Mahaagung
Gusti
bakal paring rejeki
Pangeran
kang bakal paring kasembadan
10.7.08